Menyang kontèn

Stephen Chow

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Stephen Chow

Jeneng Cina Chau Sing-chi
Jeneng Cina 周星馳 (Tradhisional)
Jeneng Cina 周星驰 (Prasaja)
Pinyin Zhōu Xīngchí (Mandarin)
Jyutping zau1 sing1 ci4 (Kanton)
Leluhur Ningbo, Zhejiang[1]
Jeneng liya 星爺 (lit. Grandmaster Sing)
Pakaryan aktor, screenwriter, direktor, prodhuser
Taun aktif 1981 – saiki
Wong tuwa Lin Bo-yee (ibu)
Pengaruh Bruce Lee

Stephen Chow (prasaja: 周星驰; tradhisional: 周星馳; Pinyin: Zhōu Xīngchí; Kanton: 广东话/廣東話 Chow Sing-chi) (lair 22 Juni 1962; umur 63 taun) ya iku aktor, prodhuser, lan sutradara filem kang kondhang saka Hong Kong dhèwèké olih jejuluk "raja pandhagel" déning pers Hong Kong.[2] Ya iku Aktor saka Hong Kong kang kondhang amarga filem-filem dagelan, dhèwèké duwé jeneng lair Sing-chi Chow.[2] Dhèwèké iku penggemar berat Bruce Lee, iku kang anggawe dhèwèké péngin njegur ning donya peran.[2] Stephen Chow miwiti kasuksesané saka acara TV kang judhulé 430 SPACE SHUTTLE kang ditayangaké ning televisi Hong Kong nalika taun 1983.[2] Avara mau dadi kondhang bebarengan karo kasuksesan kang ditarima déning Stephen Chow.[2]

Saka kono dhèwèké nyoba kanggo mainaké peran kang luwih gedhé, ya iku ning layar lebar.[2] Amarga nyoba-nyoba mau dhèwèké malah olih bebungah Taiwanese Golden Horse Award.[2]

Kasuksesané dadi pemeran pembantu anggawe dhèwèké olih peran utama ning filem komedi kang judhulé Chow Yun Fat kang judhulé DU SHENG nalika taun 1990.[2] Saja kono dhèwèké duwé potensi kanggo meranaké tokoh-tokoh ning filem komedi lan parodi.[2] Tuladhané ya iku filem kang kondhang lan ora bakal dilalikaké déning para panggemaré, ya iku filem kang judhulé SHAOLIN SOCCER lan KUNG FU HUSTLE kang akiré anggawe perusahaan filem Hollywood remen lan péngin tuku hak pengedarané ning donya.[2]

Taun 2010 Dhèwèké ngerilis filem animasi 'CJ7', filem kartun mau diadaptasi saka filem komedi sci-fi kang dibintangi Chow ning tanu 2008.[3] Karakter, setting lan filem iki tetep padha karo filemé kang asli nanging ceritané digawé béda.[3]

Sutradara Hong Kong, Toe Yuen dipercaya kanggo ngarahaké animasi ini.[3] Chow, kang uga njabat dadi prodhuser lan bintang mligi, dhèwèké ngakoni marang para watawan manawa filem iki filem dubbing ning basa Mandarin.[3] Meski Chow dhéwé bisa nganggo basa Mandarin, kanggo karakteré diisi déning Shi Banyu.[3]

Ning filem kartun ini, kabèh bintangé asli ning filem iki bali manèh meranaké karakteré dhéwé-dhéwé.[3] Meski nalika iku wis kondhang karo filem-filem 3-D, Chow tetep migunakaké tèknologi 2-D ning filem animasi mau.[3] Mituruté, kang anggawe para penonton péngin nonton iku amarga ceritané kang apik.[3] NIng filem CJ7 asli ning taun 2008 iki nyeritakaké bocah cilik karo asu aliené.[3]

Filmografi

[besut | besut sumber]
Taun Irah-irahan Lakon Keterangan
1988Final Justice
Faithfully Yours
1989Dragon FightYau
Tragic Heroes
Thunder Cops II
The Unmatchable Match
Final Combat
1990Love Is Love
My Hero
Lung Fung Restaurant
The Unmatchable Match
Curry and Pepper
Sleazy Dizzy
Look Out, Officer!
All for the WinnerSing
When Fortune Smiles
Triad Story
Legend of the DragonLung
1991God of Gamblers IISing
The Top Betkameo
Fist of Fury 1991Lau Jing
Fight Back to SchoolStar Chow
God of Gamblers Part III Back to ShanghaiSing
Magnificent Scoundrels
The Banquet
The Gods Must Be Crazy IIINarator
Tricky BrainsKoo Jing/Che Man-jing
1992Fist of Fury 1991 IILau Jing
The Thief of Time
All's Well, Ends WellFoon
Fight Back to School IIStar Chow
Justice, My FootSung Sai-kit
Royal TrampWei Siu-bo
Royal Tramp IIWei Siu-bo
King of BeggarsSo Chan
1993Fight Back to School IIIStar Chow
My Hero 2kameo
Flirting ScholarTong Bak-fu
The Mad Monk
1994Love on DeliveryHo Kam-an
Hail the JudgeBao Sing
From Beijing with LoveLing Ling-tsatjuga sebagai penulis dan sutradara
1995A Chinese Odyssey Part One: Pandora's BoxSun Go-kong
A Chinese Odyssey Part Two: CinderellaSun Go-kong
Out of the Dark
Sixty Million Dollar ManLee Chak-sing
1996Forbidden City CopLing Ling-fatpanyerat carita lan sutradara
God of CookeryStephen Chow
1997All's Well, Ends Well 1997Lo Kung
Lawyer Lawyer
1998The Lucky Guy
1999King of ComedyWan Tin-Saupanyerat carita lan sutradara
GorgeousCopkameo
The Tricky Master
2001Shaolin SoccerSinguga panyerat carita lan sutradara
2004Kung Fu HustleSinguga panyerat carita lan sutradara
2008CJ7Chow Tiuga panyerat carita lan sutradara
Shaolin Girlprodhuser
2009Dragonball Evolutionprodhuser
2010CJ7: The Cartoonprodhuser
presenter
panyerat skenario
2012New Chinese Odyssey-
20133 Idiots Cantonese Remake-

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. 周星馳“回家”尋根認祖 寧波再現“功夫”狂潮
  2. 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 biografi Stephen Chow dipununduh tanggal 22 Agustus 2011
  3. 1 2 3 4 5 6 7 8 9 berita Stephen Chow dipununduh tanggal 22 Agustus 2011